Ibu…
Pangorbananmu kaya bumi pertiwi
Nadyan dipiloro, dipaculi malah nukulake wiji
Kanggo panguripane sagung dumadi
Kanti sabar anggonmu angreksa
Nggembol sangangsasi sepuloh dina
ADVERTISEMENT
Kabeh lakon kabeh lelara nora diras
Ibu…
Asihmu kaya gebtare lintang ing akasa
Gawe endah kahanan dunya
Lumunturing tresnamu kaya aluning samudra
Sambung sumambung tanpo kendat
Anggonmu ngengulang marang putra
Dongamu tansyah lumintu anggiring kabeh geguyahanku
Ibu…
Welasmu kyo sorote condrp eng wanci dalu
Tansyah paring obor engng pepeteng
Naliko anakmu susah nora kendat paring pitedah
Nalika anakmu luput tansah aring pangenut
Kareben uripku nora kalang kabut
Ibu…
Sewu atur nora bakal cukup
Bondho ndonyo nora bakal nutup
Kanggo genteni katresnananmu
Amung esemu shing biso gawe padang atiku
[answer.2.content]